KHUTBAH JUMAT WULAN SYAWAL


KHUTBAH JUMAT WULAN SYAWAL

اَلْحَمْدُ للهِ عَلَى نِعَمِهِ فِى شَهْرِ شَوَّالِ الْكَرِيْمِ اَلْمُنْعِمِ عَلَى مَنْ أَطَاعَهُ وَأَتْبَعَ رِضَاهُ. أَلْمُنْـتَقِمِ مِمَّنْ خَالَفَهُ وَاَتْبَعَ هَوَاهُ. الَّذِى يَعْلَمُ مَااَظْهَرَهُ الْعَبْدُ وَمَا اَخْفَاهُ. اَلْمُتَكَفِّلِ بِأَرْزَاقِ عِبَادِهِ فِلاَ يَتْرُقُ اَحَدًا مِنْهُمْ وَلاَ يَنْسَاهُ. اَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى حَمْدًا كَثِيْرًا اِذْلاَ يَسْتَحِقُّ الْحَمْدَ ِالاَّ اِيَّاهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَا بِهِ وَمَنْ تَبِعَهُ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. اَمَّا بَعْدُ:
فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَالَ اللهُ تَعَالَى:
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.

Hadirin jama'ah Jum'ah rahimakumullah,
Minangka purwakaning atur keparenga kula ngajak dateng awak kula lan panjenengan sedaya, mangga sami kita ningkataken taqwa lan ajrih kita dumateng Allah swt, kanti ngelaksana aken dawuh dawuhipun , lan nebihi sedaya awisanipun, Inggih namung kanti taqwa dumateng Allah punika kita bade kaparingan margi gampil saking sedaya urusan kita.

Kaum muslimin Jamaah jum’ah Rahimakumullah
Sasampunipun kita cekap nindakaken shiyam Ramadhan, sapunika kita mlebet ing wulan Syawal, wulan peningkatan amal ibadah dumateng  Allah SWT, selami setunggal wulan kita ngginakaken wekdal kagem ngibadah. Prasasat boten wonten wekdal ingkan  g dipun sia-siakaken amargi sampun mangertosi kautaman ing salebetipun wulan Ramadhan. Kejawi sedaya amal ibadah dipun tikelaken, ing wulan punika wonten Lailatul Qadar, inggih punika setunggaling wengi ingkang langkung utami tinimbang nindakaken ibadah selami 1000 wulan. Kanthi punika melai ing wulan Syawal, mangga kita tingkataken sedaya ibadah punika kanthi ningkataken iman lan taqwa dumateng  Allah SWT.
Tasih wonten swasana Idul Fitri, kawula aturaken “ja’alanallahu minal ‘aidin wal faizin, taqabbalallahu, minna waminkum taqabbal ya karim”. Sampun dados kodratipun Allah bilih manungsa punika dipun titahaken dados makhluk ingkang paling sempurna, ananging manungsa dipun paring sifat khata’ lan nisyan, lepat lan supe . Langkung utami menawi nyuwun lan paring pangapunten punika prayoginipun dipun tindakaken sawekdal-wekdal, kalepatan dumateng  Allah kita aturaken kanthi maos istighfar “Astaghfirullaahal ‘adzim”, menawi nindakaken perkawis ingkang nyebabken dosa ageng kita enggal-enggal tobat dumateng  Allah.
Semanten ugi menawi kita rumaos damel lepat dumateng  tiang sanes supados enggal-enggal nyuwun pangapunten. Amargi kelepatan punika saget dadosaken pasederekan ing antawis kita dados boten sae.
Kaum muslimin Jamaah jum’ah Rahimakumullah
Wonten sekawan perkawis ingkang dados dasar nindakaken shilaturahmi, inggih punika:
Sepisan: Sedherek amargi keturunan utawi ukhuwah dzurriyah inggih punika amargi saking nikah. Sak derengipun nikah antawis tiang jaler kalian tiang setri inggih tiyang sanes, ananging sasampunipun dipun nikahaken mila dados sedherek, malah ing antawis bapa, ibu, kadang nem lan sepuh ingkang waunipun tiyang sanes dados sedherek. Selaras kalian pangandikanipun Allah wonten Alquran Surat Annisa’ ayat 1:
$pkšr'¯»tƒ â¨$¨Z9$# (#qà)®?$# ãNä3­/u Ï%©!$# /ä3s)n=s{ `ÏiB <§øÿ¯R ;oyÏnºur t,n=yzur $pk÷]ÏB $ygy_÷ry £]t/ur $uKåk÷]ÏB Zw%y`Í #ZŽÏWx. [ä!$|¡ÎSur 4 (#qà)¨?$#ur ©!$# Ï%©!$# tbqä9uä!$|¡s? ¾ÏmÎ/ tP%tnöF{$#ur 4 ¨bÎ) ©!$# tb%x. öNä3øn=tæ $Y6ŠÏ%u ÇÊÈ  

“ He kabeh para manungsa, padha taqwaha sira kabeh marang Pengeran ira kang wus nitahake sira kabeh saka wong ijen, lan saka wong ijen iku Allah nitahake bojone lan saka dene loro-lorone Allah nitahake pirang-pirang lanang lan wadon kang akeh. Lan padha taqwaha sira kabeh marang Allah, kang kanthi (nganggo) asmane, sira kabeh padha jaluk jinaluk ing antarane siji lan sijine, lan padha (reksanen) sesambungan shilaturahim. Satemene Allah tansah ngjaga lan ngawasi sira kebeh.

Kaping Kalih: Sedherek saking agami ingkang sami utawi ukhuwah Islamiyah, sesami tiyang Islam punika sedherek, amargi sampun dipun ngendikakaken dening Rasullulah SAW bilih antawis setunggal muslim kalian muslim sanesipun punika sedherek:
اَلْمُسْلِمُ أَخُو الْمُسْلِمِ
“ Wong Islam siji karo sijine iku dadi sedulur”. 
Ing hadits sanesipun Rasulullah ngendika bilih raos welas asihipun tiyang Islam dipun ibarataken setunggal bagunan:
اَلْمُؤْمِنُ لِلْمُؤْمِنِ كَالْبُنْيَانِ يَشدُّ بَعْضُهُ بَعْضاً متفق عليه
“ Wong mukmin sji kelawan liyane kaya dene bangunan, kang padha nguwatake”.(HR. Buchari Muslim)
Makaten pentingipun pasederekean ingkang dipun landasi kalian agami sehingga dereng dipun wastani tiyang iman menawi dereng trisna dumateng  sederekipun:
لَا يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ حَتَّى يُحِبَّ لِأَخِيْهِ مَا يُحِبُّ لِنَفْسِهِ " متفقٌ عليه
“ Ora sempurna iman salah sijine wong ing antarane sira kabeh, sahingga trisna karo sedulure kaya kaya anggone trisna marang awake dhewe” (HR. Buchari Muslim)

Kaping tiga: Sedherek sami-sami manungsa utawi ukhuwah insaniyah utawai bashariyah.

Pasedherekan punika dipun raketaken kalian raos welas asih, sahingga nalika mirsani tiyang sanes ingkang nandang cilaka badhe ndherek ngraosaken sakitipun sahingga sami paring pambiyantu. Kados menawi setungal wilayah kenging musibah lan bencana, griyanipun ical, kendaraanipun ical, keluarganipun sami seda lan piyambakipun nandang sakit. Mila ing salebetipun manah nggadhahi raos trenyuh sahingga paring pambiyantu, sinaosa benten agami, kabilah lan bangsa.
Kaping sekawan: Sedherek amargi sami setunggal daerah, utawi ukhuwah Wathaniyah. Sahingga nalika kita gesang wonten ing setunggal kampung, desa utawi kutha, tiyang-tiyang ing wilayah punika dados sedherek. Tiyang-tiyang punika sinaosa tiyang sanes ananging amargi asring pinanggih, sahingga kados sedherek mawon. Malah raosipun langkung caket, dipun bandhing kalian sederek ingkang mboten nate pinanggih.
Kaum muslimin Jamaah jum’ah Rahimakumullah
Sekawan perkawis ingkang dados mahnet utawi lem kangge sarana ngraketaken ing antawis sesami tiyang gesang. Kanthi punika kita melai ing wuan Syawal, ingkang prasasat mboten wonten tiyang ingkang rumaos leres, sedaya ngraosaken kathah lepatipun. Sahingga kalepatan kalian Gusti Allah, melai rina malem riyaya dumugi akhir nindakaken shalat Id kita sampun ngalembana dumateng  Agengipun Allah, nyucikaken Allah lan memuji dumateng  Allah SWT. Semanten ugi kalepatan dumateng  sesaminipun dipun tindakaken kanthi muhasafah (salam salaman) lan sami shilaturahim, sami sowan sowanan sahingga ketingal welas-asihipun dumateng  sesaminipun.

Mugi-mugi raos pasederekan punika saget dipun lestantunipun, lan saget ndadosaken kaberkahan wonten ing kagesahaning alam dunyo... amin ya Robbal ‘alamin.


جَعَلْنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ الْعَائِدِيْنَ وَالْفَائِزِيْنَ وَاَدْ خِلْنَا وَاِيَّاكُمْ مِنْ زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصّٰلِحِيْنَ . وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْن

Komentar