JamaahjumahRahimakumullah…
Monggo sesarengan kita ningkataken ketakwaan kito dhumateng Allah SWT, Kanthi ninda-aken kewajiban-kewajibanipun. Lan nilaraken sedoyo hal hal ingkang dilarang, berusaha mengerjakan nopo nopo ingkang diremeni Allah lan ninggalaken sedoyo ingkang mboten diremeni Allah, Tentunipun kanthi penuh hikmat, khusyu ,ugi ikhlas ing ndalem ngelampahinipun.
Jamaah Jumah Rahimakumullah..
Monggo sesarengan ugi kito bersyukur amargi kito sampun ngelampahi hari raya Idul Adha utawi Hara Raya Qurban. Lan ing dalem suasana bulan dzulhijjah puniko, khatib bade membahas tentang Abul Anbiya Ibrohim As.
Diantara nabi lan rasulipun Allah Ingkang kedah kito sebat, kito imut lan ugi kito renungaken keteladanan ipun inggih meniko nabi Ibrohim as. Nabi ingkang nggadahi julukan kholilullah utawi kekasih Allah, ugi nggadahi julukan Abul Anbiya utawi bapakipun poro nabi. Amargi nabi nabi ingkang dateng sasampunipun nabi ibrohim meniko sedoyo dzurriyah utawi keturuna nipun nabi ibrohim. Nabi Ishak, NabiYa’kub,, Nabi Yusuf lan nabi Isa, ugi nabi besar Muhammad SAW saw.
Milo mboten heran bilih tiang
Yahudi ngakeni Nabi Ibrahim meniko termasuk kaum Yahudi, kaum Nasrani ugi ngakeni
bilih nabi Ibrahim termasuk kaum Nasran, lan kaum musyrikin ugi ngakeni bilih
piyambak ipun sedoyo nderek millah Ibrahim. Kagem menolak anggapan kaum
Yahudi,Nasrani, lan kaum Musyrikin, Allah nurunaken ayat :
مَا كَانَ
إِبْرَاهِيمُ يَهُودِيًّا وَلَا نَصْرَانِيًّا وَلَٰكِنْ كَانَ حَنِيفًا مُسْلِمًا
وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِينَ
Bahkan Allah merentahaken kersanipun Nabi Muhammad saw supados senantiasa mengenang jasa jasanipun nabi ibrohim as, salah setunggaling kanthi ibadah haji lan qurban ingkang dados bagian sangking amaliyahipun umat nabi Muhammad SAW, bahkan haji dados salah setunggalipun rukun Islam.
Hadirin Jamah Jumat Rahimakumullah
Sikap tabah lan teguh ipun ing dalem nglampahi perintah Allah, andados aken Nabi Ibrahim dados panutan umat Islam sepanjang zaman.
Allah Berfirman
قَدْ كَانَتْ لَكُمْ
أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ فِي إِبْرَاهِيمَ وَالَّذِينَ مَعَهُ
Saktemene wis ono suri tauladan kang apik kang gosli ramu ing dalem pribadine Ibrohim lan wong-wong kang bareng-bareng melu Ibrohim (Q.S. Al-Mumtahanah: 04)
وَتَرَكْنَا
عَلَيْهِ فِي الْآخِرِينَ
Ingkangartosipun :
Ingsun abadi aken kangge Ibrahim iku (pujian kang apik) ing dalem kalangane wong-wong kang keri.“ (QS. As-Shofat : 108)
Ing dalem kalih ayat meniko, jelas sanget bilih saktemene Gusti Allah mulyaaken Nabi Ibrahim, ngantos Nabi Ibrahim dijuluki bapak para Nabi, ugi bapak umatipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Wonten punapo kok Gusti Allah ngantos semanten mulyaaken Kanjeng Nabi Ibrahim ? Nopo keranten
Bondo? Keturunan? kekuatan? utawi keperkasaan ? ternyata Nabi Ibrahim dikenang hingga
akhir zaman amargi keteguhanipun nglaksanaaken
perintahipun Allah, lan keikhlasanipun ngorbanaken sedaya nopo kemawon demi
Allah SWT.
Nabi Ibrahim naliko berdakwah
manggihi rintangan ingkang berat, selain ngadepi bapakipun piyambak, Nabi Ibrohim
ugi manggihi rintangan berat saking penguasa. Panjenangipun kedah nglampahi hukuman
dibakar, hukuman ingkang mboten enteng, lan boten mungkin saget slamet, menawi boten
angsal izinipun Allah SWT.
قل يا نار كو ني
بردا وسلاما على إبراهيم
Cobaan saat berdakwah meniko mboten enten nopo nopone dibandingaken cobaan salajengipun. Cobaan ingkang langkung berat inggih meniko naliko nglampahi printahipun Allah kedah ngorbanaken putra ingkang paling dipun sayangi, putra ingkang didamba damba aken ing dalem doanipun nabi Ibrohim Robbi hab lii minas sholihin. Ketatan Ibrahim meniko di abadikan oleh Allah dalam al-Qur'an :
فلما بلغ معه
السعي قال يا بني إني أرى في المنام أني أذبحك فا نظرماذا ترى
Wahai putaraku yang kusayangi sesungguhnya aku mendapatkan perintah melalui mimpi agar aku menyembelehmu, bagaimana pendapatmu?
Ismail pun Menjawab:
قال يا أبتي
افعل ما تؤمر ستجدني إن شاء الله من الصابرين
Hadirin Jamah Jumat Rahimakumullah
Ketundukan lan ketaatanipun datheng sistem kepercayaan, nilai-nilai lan tata aturan ilahiah kedah tansah dados contoh sepanjang masa. “Naliko Allah berfirman “Tunduk patuhlah (Islamlah),” maka piyambakipun mboten pernah nunda-nunda walau sesaat, mboten enten raos keraguan nopo malih menyimpang saking saking nopo2 ingkang sampun dipun perintah Allah SWT. Beliau nampi perintah kelawan penuh ketulusan lan keikhlasan.
Keislaman Ibrahim mboten namung kangge piyambakipun kemawon. Ketundukan Ibrahim as kepada ajaran-ajaran dan syari’at Allah ugi sanes dikhususkan kangge pribadinipun Ibrahim mawon, bahkan mboten namung kangge generasi sezamane mawon, ananging kangge sedoyo generasi ummat manusia. Atas dasar itulah beliau wariskan Islam dan sikap ketundukan kepadanya untuk anak cucu sepeninggalnya, untuk generasi berikutnya sampai akhir masa.
وَوَصَّى بِهَا
إِبْرَاهِيمُ بَنِيهِ وَيَعْقُوبُ يَابَنِيَّ إِنَّ اللَّهَ اصْطَفَى لَكُمُ
الدِّينَ فَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
“Dan Ibrahim telah mewasiatkan ucapan itu kepada anak-anaknya, demikian pula Ya`qub. (Ibrahim
berkata): "Haianak-anakku! Sesungguhnya Allah telah memilih agama ini bagimu, maka janganlah kamu mati kecuali dalam memeluk agama Islam". (QS, al-Baqarah [2]:
132)
Jamaah Jumah Rahimakumullah…
Saking penjelasan di atas Nampak jelas sanget bilih nabi Ibrahim adalah seorang muslim ingkang pari purno. Piyambak ipun mboten pernah ragu sedikitpun akan kebenaran islam. Piyambak ipun adalah seorang nabi Ingkang ma’shum (ingkang dijagi Allah saking kekufuran, dosa-dosa besar lan dosa-dosa kecil) sebagaimana nabi-nabi yang lain. Nabi Ibrahim dan para nabi yang lain ma’shum baik sederenge diangkat menjadi nabi utawi sasampunipun mereka diangkat dados nabi, milo kirang leres bilih dikatakan nabi Ibrahim nate bingung ngucali Tuhan nabi Ibrohim pernah pusing ngucali ketauhidan. Kirang leres bilih nabi Ibrahim pernah ndadosaken matahari, bulan dan bintang sebagai Tuhan. Adapun Ucapan nabi Ibrahim kados dipunsebat dalam al-Qur’an QS al-An’am 76-77 naliko ningali matahari, bulan dan bintang kanthi perkataan“hadzarobbi” ini tuhanku sebagian besar ulama berpendapat bilih maksudipun adalah penytaan pengingkaran terhadap nopo nopo ingkang disembah kaumipun nabi Ibrahim saat itu, amargi kaum nabi ibrohim meniko selain menyembah berhala ugi katah ingkang menyembah matahari, bulan utawi bintang. Al-qurthubi dlm al-Jami’ fi Ahkamil Qur’an menafsiri kalimat“ hadza robbi utawi inilah Tuhanku” dg arti, “pantaskah benda seperti ini dijadikanTuhan?”.
Jamaah Jumahrahimakumullah
Bilih nabi ibrohim nate menyangka menyangka matahari, bulan dan bintang sebagai Tuhan berarti ini menisbatkan kekufuran dan kesyirikan kepada Nabi Ibrahim, padahal Allah telah membebaskan Ibrahim dari kesyirikan. Allah berfirman
مَا كَانَ إِبْرَاهِيمُ يَهُودِيًّا وَلَا
نَصْرَانِيًّا وَلَكِنْ كَانَ حَنِيفًا مُسْلِمًا وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِينَ
Ibrahim bukan seorang Yahudi dan bukan (pula) seorang Nasrani, akan tetapi Dia adalah seorang yang lurus [201] lagi berserah diri (kepada Allah) dan sekali-kali bukanlahDiaTermasukgolongan
orang-orang musyrik.
Allah juga berfirman:
وَلَقَدْ آتَيْنَا إِبْرَاهِيمَ رُشْدَهُ مِنْ
قَبْلُ وَكُنَّا بِهِ عَالِمِينَ
Dan Sesungguhnya telah Kami anugerahkan kepada Ibrahim hidayah kebenaran sebelum ia baligh, dan adalah Kami mengetahui (keadaan)nya.
Akhiripun mugi mugi kito sedoyo sebagai tiyang Islam saged tansah menjalankan perintah perintahipun Allah lan ngadohi sedoyo larangan2ipun Allah, mugi mugi kito sedoyo dados tiyang tiyang ingkang ikhlas dalam beribadah dumutheng Allah SWT.
بَارَكَ اللهُ
لِى وَلَكُمْ فِى اْلقُرْأَنِ اْلعَظِيْم وَنَفَعِنَي وَاِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ
مِنَ اْلايَاتِ وَالذِّكْرِاْلحَكِيْماَقَوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاَسْتَغْفِرُ اللهَ
لِيْ وَلَكُمْ وَاَسْتَغْفِرُهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُالرَّحِيْمُ
Komentar
Posting Komentar